Dolor sit amet, consetetur sadipscing elitr, seddiam nonumy eirmod tempor. invidunt ut labore et dolore magna aliquyam erat, sed diam voluptua. Lorem ipsum dolor sit amet, consetetur sadip- scing elitr, sed diam nonumy eirmod tempor invidunt ut labore et dolore magna aliquyam erat, sed diam voluptua. Lorem ipsum dolor sit amet, consetetur sadipscing elitr, sed diam nonumy eirmod tempor invidunt ut labore et dolore magna aliquyam erat, sed diam voluptua. Lorem ipsum dolor sit amet, consetetur.
 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa : KAUTAMAAN WULAN ROMADLON

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.

Sak mantunipun muji dumateng Alloh, soho maos sholawat konjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken.

Sak meniko kito wonten sak lebetipun wulan romadlon, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak berkahipun Allah. Wonten wulan meniko Allah nurunaken al-Qur’an, kitab panutan kito umat Islam, kitab ingkang isi pitedah-pitedah ingkang bagus tumraping tiyang ingkang mukmin. Ugi ing dalem wulan meniko wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang sewu wulan, dalu meniko dipun wastani lailatul Qodar.

Allah majibaken dumateng kito sedoyo siyam ing dalem wulan Romadlon meniko minongko ad-Dzikr / pepiling tumraping menungso ingkang panci kathah supenipun. Inggih supe nindaaken syukur saking ni’mat ingkang sampun dipun paringaken.

Poro hadirin jum’ah ingkang minulyo.

Sangking arah meniko kito kedah kados pundi sak sampunipun mangertos fadlilah lan agungipun wulan romadlon? Mboten wonten sanes monggo kito inggahake kito tambahi ibadah amal sholih kitho ingkang kange simpenan benjang bikaipun wonten ing akherot. Kito katah-katahaken istighfar lan deres al-Qur’an kanti eling-eling sak maknane soho sholawatipun, kito sudo anggenipun nyambut damel utawi ngulari bondo, sebab manawi badan kito kesel utawi sayah meniko saged ngelaleaken dateng nindaaken kewajiban-kewajiban wonten ing wulan meniko. Kito kedah saget bagi wekdalipun ingkang supados hasil sedoyonipun.

أَيُّهَا ْالمُسْلِمُوْنَ ! عَلَيْكُمْ بِتِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ فىِ هَذَا الشَّهْرِ اْلعَظِيْمِ اِقْتِدَاءً بِنَبِيِّكُمْ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَدْ كاَنَ يَلْقَاهُ جِبْرِيْلُ فَيُدَارِسُهُ ْالقُرْآنَ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ وَكَانَ السَّلَفُ الصَّالِِح يُكْثِرُوْنَ مِنْ تِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ.

Poro kaum muslimin hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.

Monggo wonten ing wulan meniko kito supados ngatah-ngatahaken mahos al_Qur’an al_karim derek tindak lampahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Keranten wonten ing wulan meniko kanjeng nabi dipun panggihi deneng malaikat Jibril AS lajeng tadarrus al-Qur’an. Lan malih poro ulama kito sami ngatah-ngatahaken mahos al-Qur’an wonten ing wulan meniko.

Keranten gusti Allah sampun maringi keistimewaan ing wulan romadlon arupi temurunipun al_Qur’an. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an;

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ.

Ingkang artosipun: “ Kang ono ing sak jerone wulan Romadlon al-Qur’an diturunake kangge nuduhake marang menungso lan dadi tondo terang saking pituduhe Allah SWT lan kangge bedaaken antarane barang kang haq lan kang bathil”.

وَقَدْ صَحَّ عَنْ رَسُوْلِ الله صَلىَّ الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّهُ قَالَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفاً مِنْ كِتَابِ الله فَلَهُ عَشْرُ حَسَناَتٍ

Artosipun; “ Sopo wonge moco sak huruf sangking kitab al-Qur’an mongko kanggu wong iku sepuluh kabagusan”.

Poro hadirin ingkang kawulo mulyaaken.

Kejawi kito supados ngatah-ngatahaken mahos al_qur’an lajeng kito supados saged ngerekso / nyejani dateng siyam kito meniko sangking perkawis-perkawis ingkang saged ngerusak dateng sah ipun siyam, inggih meniko amal awon, kados ngerasani tiyang sanes, adu-adu lan sak panunggalanipun. Keranten engkang nami siyam meniko boten namung ngempet dahar lan minum kemawon, ananging ugi kedah ngempet sangking pendamelan mungkar ingkang dipun awisi deneng Allah SWT.

Pramilo monggo wonten wulan romadlon meniko dipun isi kanthi amal-amal ingkang soleh. Kados tadarrus al-Qur’an, sholat tarawih berjamaah lan qiyamul lail, soho ngatah-ngatahaken anggenipun taubat lan istighfar dateng Allah SWT.

Dipun sebataken wonten ing hadis bilih rasulullah SAW ngendiko;

ثَلاَثُ نَفَرٍ تُصَافِحُهُمُ اْلمَلاَئِكَةُ يَوْمَ يُخْرَجُوْنَ مِنْ قُبُوْرِهِمُ الشُّهَدَاءُ وَاْلقَائِمُوْنَ شَهْرَ رَمَضَانَ وَالصَّائِمُوْنَ يَوْمَ عَرَفَةَ .

Artosipun; “ Ono telung golongan kang bakal salaman karo malaikat naliko tangi soko kubur. Deweke yoiku: Poro syuhada’, wong-wong mukmin kang ndiriaken sholat tahajjud ono ing wulan romadlon lan wong-wong kang poso ing dino Arofah”.

Lajeng kados pundi lan sinten tiyang ingkang mboten kepingin waget salaman kaliyan malaikat, makhlukipun Allah ingkang mulyo, lan malaikat meniko pirso nami-nami kito. Lan kanti salaman mentandaaken bilih kito kalebet tiyang ingkang bejo, slamet mangke dumugi suargo. Temtu kemawon meniko dados idam-idamanipun kito sedoyo.

Wonten hadits lintu Rasulullah SAW ngendiko:

مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)

Artosipun; “ Sopo wonge ngelakoni ibadah ing wulan ramadlan kanthi dasar iman lan kerono murih ganjaran, mongko wong mahu bakal dingapuro dusane kang wis keliwat”.

Akhiripun, monggo kito tansah ngiyataken jiwo rogo, kito jagi kesehatan wonten ing wulan romadon meniko supados kito wagedbibadah sak katah-katahipun. Lan mugi-mugi Allah tansah paring pitedah soho kekiatan, amin, amin, amin…ya robbal ‘alamin.

1 komentar:

azka_a6@yahoo.co.id mengatakan...

Asalam
dimohon, tulisan arabnya di perjelas karena gak keliatan. trima kasih
wasalam

Posting Komentar

Silahkan memberi comment jika punya usul atau pertanyaan.....