Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Monggo samiyo nambahi takwa dumateng gusti Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. Lan kito sedoyo sampun ngantos pejah kejawi netepi agami Islam lan pejah ingkang khusnul khotimah (sahe wonten akhiripun).
Kito sedoyo kawulane Allah SWT, kedah mangertos, bilih anak turunipun Nabi Adam Alaihi Salam., meniko salah satunggalipun makhluk Allah ingkang dipun kepung kaliyan pinten-pinten mungsuh, ingkang arupi syaiton, jin lan manungso. Ingkang sedoyo kolo wau mahes-mahesi utawi ngapik-ngapiki dateng barang ingkang awon. Lan ngawontenaken barang ingkang sahe. Ing mongko piyambakipun sareng-sareng kaliyan nafsunipun menungso ingkang selalu ngajak dateng perkawis awon. Ananging kaliyan sedoyo kolo wau Gusti Allah dadosaken alat ingkang kangge merangi, inggih puniko taubat dumateng Allah SWT sarono nyuwun pitulunganipun Allah SWT. Kados pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:
وَاعْتَصِمُوْا بِالله هُوَ مَوْلاَكُمْ فَنِعْمَ اْلمَوْلىَ وَنِعْمَ النَّصِيْرُ
Ingkang artosipun: “ Podho gondelano siro kabeh marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro siro kabeh, mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.
Pramilo sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal ingkang sahe soho nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Keranten sedoyo perkawis ingkang sahe puniko saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :
وَمَنْ يَعْمَلْ سُوْأً أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ يَجِدِ اللهَ غَفُوْرًا رَحِيْماً
Artosipun kirang langkung: “ Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”.
Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Pancen taubat ingkang saestunipun puniko saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
التَّائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاَ ذَنْبَ لَهُ
Artosipun: “ Wong kang taubat iku koyo dene wong kang ora ono dosane (ora duweni doso)”.
Dene doso puniko wonten ingkang alit lan wonten doso ingkang ageng. Ananging pengapuranipun Allah puniko langkung ageng. Alhasil manawi wonten tiyang nyono bilih doso puniko mboten saged dipun ngapuro dening Allah SWT, tiyang ingkang mekaten puniko berartos kagolong tiyang ingkang putus asa saking rohmatipun Allah, ing mongko putus asa puniko kagolong doso ingkang ageng. Kanjeng Nabi SAW dawuh:
لاَ تَيْئَسُوا مِنْ رَوْحِ اللهِ
Artosipun: “ Ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.
Ananging sedoyo kolo wau mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT puniko boten. Balik monggo poro kaum muslimin sedoyo sami mangertoso..!! Bilih ingkang nami taubat inggih puniko mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.
Lan taubat puniko ugi wonten syarat-syaratipun,
1. Kedah niyat nilaraken utawi nebihi dateng maksiyat / doso, lan nebihi dateng perkawis ingkang dumugeaken dateng doso utawi maksiyat
2. Anggetuni dateng doso ingkang sampun dipun lampahi lan isin dateng Allah SWT
3. Kedah kagungan sejo mboten mangsuli dateng perkawis ingkang dipun larang / awisi dening Allah SWT
4. manawi doso ingkang dipun taubati meniko berhubungan kaliyan hak-hakipun sesami manungso puniko inggih langkung rumiyen nyuwun ngapunten. Manawi hubunganipun kaliyan bondo dunyo inggih puniko nyuwun halalipun utawi ngijoli dateng bondo kolo wau. Manawi kesalahanipun wonten hubunganipun kaliyan kahurmatan kadosto, adu-adu, nganiyoyo tiyang sanes, meniko kedah nyuwun ngapunten dateng tiyang ingkang berhak. Lan sak mantunipun taubat kedah merubah tindak lampahipun, tegesipun damel bagus utawi mboten wangsuli maleh danten pinten-pinten kesalahan ingkang sampun kasebat wonten ngajeng.
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sak mantunipun kito mangertos bilih doso punopo kemawon kejawi dosonipun musyrik utawi nyekutoaken Allah, saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kito ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajalipun (sedo). Sebab ajal kito sedoyo puniko boten ngertos kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi puniko boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:
إِذاَ جاَءَ أَجَلُهُمْ فَلاَ يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ
Artosipun: “ Nalikone ajal utawi pati poro manungso iku wus teko, mongko poro menungso iku mau ora biso jakuk wektu di akhirake utawi di dhisiake.
Pramilo monggo, sepindah malih mumpung lawang taubat taksih dipun bikak, enggal-enggal kito ngelampahi taubat. Jalaran manawi sampun dipun tutup, badhe taubat ingkang kados pundi, tetep mboten saged dipun terami kaliyan Allah SWT. Dene bates utawi tutup ipun lawang taubat inggih puniko kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:
إِنَّ اللهَ يَقْبَلُ تَوْبَةَ اْلعَبْدِ مَالَمْ يُغَرْغِرْ
Artosipun: “ Sak temene Gusti Allah iku bakal nerimo taubat kawulani selagine nyawane durung ono gorokan”
3 komentar:
ijin copy khutbah
sami, kulo nggih nderek ngopi khutbahipun ngiih...........
gannnnn
gan maen ke blog ane yaaaa
http://backyardquiltstudio.com/
http://eternoespectador.com
http://flyingmatch.wordpress.com
Posting Komentar
Silahkan memberi comment jika punya usul atau pertanyaan.....